Mobat Mabit Golek Server Anyar

Posted by Abiiel | Friday, October 30, 2009 | , , | 0 comments »

Wis pirang-pirang ndino aku di gawe anyel karo kahanan. Seko sing paling enteng sampek paling abot tumplek dadi siji. Jan rekoso tenan uripku ing akhir wulan iki. Wes pemasukan seko dodolan link lan tulisan medun akeh, eh isih ditambah karo masalah mandeg'e usahaku ugo down time server. Sopo wonge ra bakal sambat yen ngalami bab seo mengkono iku. Ndang jal, aku tak pengen weruh. Sampeyan podho sanggup po?

Gandeng situasine ra kepenak, saiki aku mobat mabit golek server anyar. Ono sebagian sing menggiurkan, tapi ono juga sing kadohan karo kamampuan keuanganku. Dari pada besar pasak tinimbang tiang, aku nyoba golek sing murah. Tapi apes jhe, jebul murahan tenanan. Wes rugi wektu nggo order, malah customer service'e nggapleki. Moso iyo bab pembayaran wae malah bingung. Lha daripada resiko sing tak hadapi kegedean, yo mending mundur alus.

Asline wes mepet banget. Soale aku kudu cepet memperbaiki citra kenali dan kunjungi objek wisata di pandeglang. Tapi yo embuh, emang lagi nasib awak wae sing kurang mranani penggalih. Wingi sak durunge mobat mabit golek server anyar, blog utama sing tak nggo melu kontes malah ilang seko alam maya iki. Yoiku di redirect sing duwe menyang hostinge. Jan... ra mbejaji.

Banjur saiki, wayahi mobat mabit golek server anyar, aku yo durung entuk. Huaaa... Mumet tenan ndes. Mbok dho ikhlas nulungi aku tho... :( Iki wes pirang-pirang ndino begadang terus. Awakku nganti lungkrah lali adus. Opo meneh sing jenenge ngeloni bojo. Sampe lali yen iki mau malem jum'at. Yo kabeh mergo kakean masalah tur lagi mobat mabit golek server anyar. Opo mending nganggo server'e blogger wae po yo huh.

0 comments